Pages

Rabu, 22 Desember 2010

SERAT TUNDHUNG PEDHUT

SERAT TUNDHUNG PEDHUT

PAMBUKA

Rahayu Wilujeng.

Nuwun, mugi para Agung Tanah Jawi dipun agung aksamanipun, dumateng kawula ingkang sapun kumalancang kumawani pari peksa lumuwih, amemangun cariyos ingkang gati. Serat Tundhung Pedhut punika sinawung ing sekar macapat anyariosaken babagan dumadining rubeda jalaran manah kataman reribet, dene tujuwaning pangimpun : namung sadermi ngelingaken kemawon lan angleluri kabudayan Jawi supados mboten kasilem ing jaman, boten sanes namun rasa tresnanipun dumateng budaya tilaranipun para leluhur Agung Tanah Jawi, paribasan : “canthing jail dicidhukna banyu segara olehe iya mung sathithik, lowung dene taksih saged nyidhuk, sanadyan namung saisining canthing jail, tinimbang suwung blung” (R.Ng.Ranggawarsita, Serat Wirit Soponoloyo).
Wusananing atur, mugia saged migunani dhumateng para maos ugi sutrisna budaya Jawi, bilih wonten galap gangsuling tembung, para winasis lan sarjanadi kaparenga paring angunging pangaksami.
Nuwun.
Mas Kumitir
SERAT TUNDHUNG PEDHUT
PUPUH I
DHANDHANGGULA
1. Hawa kandamu ing mesem manis, mesu sruning sedya peksa suka, kablureng saking blerenge, lali kelangan laku, padune nggugu nepsu arit, kabut datan kababat, padhang padhing tundhung, punika manungsa lena, linimput tan emut tapak tepunging sir, sirna dadining welas.
2. Telas wis sihing Hyang manusa di, kang kurang sedya suka mong manah, warta den dadosaken nase, candhak supados cundhuk, kirang cagak kagondhol gogik, gajah sak kuntul gengnya, ngajeng gajeg kuntul, nanging ta wulung mbuh ora, angaku gajah tan darbe tlale gadhing, wedhi amalih gula.
3. Jenang gula galihen nastiti, tinata rahsa tanggal ping sapta, tibeng Sawal kang sasine, Rebo Wage witipun, warsanya Jimawal mawa di, ing wengi jam sawelas, mangun ciptaning hyun, kagem pratandha sinengkalan, ‘marganing kang nembah iku terusing sih’, latih amedhar latah.
4. Tlatah badan den muntahken nisthip, sasat susut ngesotken nirnya, nirmala malaning gawe, gaweyaning pangluput, samar margi kalimput padhing, ginubel pedhut padhat, arah aruh tan wruh, kumandel ngandelaken was, emut emut luput momot pedhut padhing, nggubel dados rubeda.
5. Pundi wismanipun swanten gendhing, sinten kang pantes amireng nglaras, sumangga paduka suksmeng, mbuh leres ya mbuh luput, kawula saderma ngengeti, mring awu tan awonnya, sak bangsa sak luhur, ngelingaken saderminya, amarga sadaya sampun dicukupi, Allah Maha Kuwasa.
6. Wawadi manawi mawi sandi, sandhing sandhung sendhu bendhu sida, cepak copot budi cupet, punika ingkang kaliru, balero balilu panampi, kasusu kaseselan, selak mambu mumbul, kaki nini mbok hayo ta, mipik mapag mupuk mupakating ngati, ngati ati waspada.
7. Waspada ingkang kados punapi, awas sakaliring pasemonan, tresna sapada padane, mawas pamuwus damu, selamet botena niwasi, pandhu tan padu padha, uncalna was wasmu, den padha dados santosa, lawas-lawas sasat datan padha sudi, sida sadu suda.
8. Sasedyaning reh kang wus rumakit, rumaket saking saking talining tekad, kababar jembar layare, cagak kayu kayunghyun, eneng ening tibaning padhing, niyat kuwating barat, barat kang mung sarju, tuju tujuwaning palwa, lumaku telenging samodra bayani, coba cepaking ombak.
9. Mila kedah waspada lan eling, enget bangsaning rahsa kelingan, tayar buyar kalingane, nahkoda awas semu, gondhelan gondhal gandhul eling, setir kuwat santosa, coba manggon laku, hamung tetep mantep minta, sihing Gusti Murbeng Jagad sahir kabir, beda kandhaning kongkang.
10. Thethet theyot theblung muna muni, brangkele karepe dhewe polah, kungkum toya imbon jare, supe asale kawruh, wujud gula kasebut wedhi, muwus wulung bul pethak, suka saking luput, sipat rusak ngajak ajak, dhuh kaki nini den waspada lan eling, urip nora gampang.
11. Pang epanging wreksa urip okih, tingalen wit jatining manungsa, owalah ongel gawate, puniku kedhung ngelmu, takokna ingkang ahli swargi, golekana jro sastra, purwa kuna luhung, angluluri adat budya, anjaga jejeging jagad agung lan lit, dados satriya tama.
12. Utamane temen tinemu wi, wiwita mangun kung ambeg sedya, suda dhahar nendra wuse, ujar kajaring jeru, jajar Ajar ajur ajeri, jujur jejering mojar, aja udan idu, yen tan wikan arahing byat, katona poh cubluk simpenen sing wasis, wadhag dados sarana.
13. Ngupaya dayaning niyat yekti, ngayahi gayunge panggayuhan, kaya kaya kawayangke, jeneng jenang nggih lembut, asma simo bubukti daging, den obahken dhalangnya, nanging kala laku, kalimput kabut lan padhat, surem surem remeng mangku morat marit, wayang tan weruh dhalang.
14. Samar samar semu amanglingi, kalingling anglingipun walikan, wayang glenyengan katone, gandhang kumandhang kadhung, walangan lengan lingak lingik, ngakak ambiyak layak, goyang gonyak ganyuk, ting panthalit karanjingan, anggugu gegering gogor nggagar regi, gumrenggeng garundelan.
15. Kocap katonton lakon jempalit, pepali kagingsir pepulutnya, permadi nyuli limbuk, tepuk tepuk tapa tinampik, de gawat aywa was was, lamun ana kabut, dhalang kebat kebut kipat, kipatanipun amepeg hawa wiwit, kendhali dhiri mangga.
16. Manggen minggah mahom pahoman di, sigeg gantos cariyos tetela, kala bumi geng bentere, mbranang mawinga kolu, siti brekah tirtanya lari, muluk dedel ngawiyat, kaboyong lan bayu, kompal kampul sami kempal, giling mogol gulung mega mendhung silih, hreg gugrug gludhug gempal.
17. Gempil gampil sumebar ambyari, ginilutan barat beng sangsaya, muter tarikan derese, jejeg anjojog kebuk, jaja jinujug tan kaot ti, ngeg bumi sumusupan, jawah tansah dhawuh, dhawah anggrojog bantala, surya sasi kasisip tan katingal lir, ratri rata grahana.
18. Hananging nggih wonten malih alih, kalih warni kawarna karana, kapisan surya bentere, hangobahken warih ruh, mangarah ing tawang tinari, kapindhonipun barat, kapanasan mlayu, napasipun nepis toya, warih kagyat minggah panggih sami ganti, mendhung mega kumambang.
PUPUH II
MASKUMAMBANG
1. Tingalana solah bawa hawa kaki, kala sabab buwang, adhem asrep ngarep rupi, panas rahsa peteng rupa.
2. Kawruhana jagad saged reged gedhi, lan kawulanira, bingung pengung amung muring, kendel ngempalaken dosa.
3. Dhedhasaran kala kalah salah puji, cipta seje rupa, gothak gathuk mathuk mathuk methit, prayangane manggen ripta.
4. Golongane jawah salah mangsa dugi, rupa manggen cipta, ginathukan dados pasthi, nami rupa kanyatanan.
5. Kasetanan nami rupi nggagar regi, boten panggih harja, malah panggah pangguh dhemit, utek buntet manah susah.
6. Tan pramana tan pranawa datan titis, galih tan kawawa, ngangge hawa mawa remit, peteng ndhedhet ndudut padhang.
7. Jawah polah bantala tan kesti, jawah wus tan dhawah, ganti rupi pedhut padhit, kandel mendel sesek sesak.
8. Mrayang tanpa kocap gepokaning budi, estining manungsa, suwung blung wong kothong jati, tangeh panggiha raharja.
9. Raharjaning janma rahayuning bumi, cipta manjing rasa, gepok senggol wus nyawiji, mangayubagyaning begja.
10. Tanpa kira agung nugrahaning Gusti, wus pasthi sadaya, janma sapa ingkang nampi, jer basuki mawa bea.
11. Sapandurat rarat tanna amlarati, ngruwat mrih kuwat, sipate ambabat lamis, santer anter rinesepan.
12. Kumawula dalah datan kumawani, wolak walik uwal, kawalane amiwiti, mudhar angkarane mudha.
PUPUH III
SINOM
1. Rerengganing ngati swara, gumarenggeng angebeki, sumrambah angambah ambah, babahane ambabari, rineksa tanna tepi, tepine wus manggen catur, tanpa tuturnya uga, ingaturan Jawata di, ngarah rahsa tumekaning kang sinedya.
2. Cumadhonge taren driya, ya ta sapa sangka dadi, kadadeyan kadadaran, manungsa darbe pamuji, pepujane ngadhili, adhil medal wus kadudul, dilalah oleh begja, awal parentulan wadi, wewudane dadi pepancadan guna.
3. Migunani warna warna, sumebyare kedhung janmi, den prayitna mring pusernya, pilih sawiji wajibing urip, kang peni handayani, hangobahken nama kedhung, tan kintir tanna kalap, kelap kelip kang kumintir, ngupayaha memaniking kedhung jagad.
4. Gegayuhan nanem mulya, panggen panggenaning ngilmi, mikut tata tentrem mulat, tutug trus salami lami, kala jiwangga nganggit, amerbawani katutur, turah sabarang sawab, datan aber tanpa kibir, tetandhaning kang wus manjing kedhung jagad.
5. Sajuga sajagad mulya, lega legawaning ngurip, bebasane bebas rahsa, karahsa telenging ngati, mulur nalare pikir, ambikak kuntha wilantun, padhang jingglang panyawang, bebana awrat sinangga, aywa was was jer kagungan panggayuhan.
6. Eling eling kekidungan, sapa temen tinemu wi, bebanane nggih punika, kuwat mbabat kabut wiwit, okih kedhung sabumi, den waspada sadulur sun, tan katingal sadaya, kasalimur pedhut padhit, nuwuhaken kekembaning kekembengan.
7. Kambu kemba kombe sambat, wegah wigih datan panggih, yen ta amung thekluk theklak, kabut sangsaya anjaring, kapaleye ring jroning, ider ideraning kedhung, kintir ring puserannya, ambyar sipat ngirib irib, kedhung buthek angga lethek gelagepan.
8. Kedhung abang badan mbranang, nanging ta kedhung ingkang pundi, wonten nama kedhung buta, bagya pijer tangeh panggih, senenge semu semir, katon tanpa tata tuntun, tan kinira jiwangga, hawa wuwus gegilani, karahsa jro taksih arum bathang kongkang.
9. Buta butuh betah kerah, kerep kedhung buta kadi, jamak kedhung sesiluman, sumebar samargi margi, pating plenthong tur plenthing, seluman sila selumun, anuwek nuwek jaja, cegat mangsa plilak plilik, jahil muthakil awet besiwit watak.
10. Kedhung baya keh bebaya, boyong bangke bungkuk budi, kedhung sawer sawur wisa, supe sipating bebecik, nggares sing nggegirisi, kedhung gegremetan langkung, ageng agenging kalap, muser seser serik tarik, mas katon wingka wingka katon kencana.
11. Lintah cacing lan kelabang, resrespanan kalajengking, maringis paring geganas, nggeget necep nucup getih, walah sapisan malih, waspadakna sadulur sun, gegondhelaning dalan, rikat reh kakukud rakit, tata titi tuntun temah tutug tapa.
12. Kelem manik kedhung jagad, murba mosik kedhung nguni, kinadohken ingkang perak, kaperaken ingkang tebih, saged tetep ingkang tebih, mara perak sangsaya wur, sami sesanti mangga, anggen genah anggan galih, gegalangan ageng agung kedhung jagad.
13. Kedhung kadhung lumeberan, asrep asri srireh bumi, seger rerem arum mara, rum ruming semu cahya wi, yem ayom mahom bumi, marem bawana tan gunggung, seleh tan salah puja, pepunjinan panjang galih, hawa kadya kanyut gendhing kekahyangan.
14. Sami semi wijining rat, sabar analateni dadi, samubarang tanpa kirang, arang pakareme keri, kareman ulah puji, jumedhul brul namung dumuk, wit mot wohing pepuja, idhum adhem manjing bumi, ati anteng saking hawa bawaning wit.
15. Awit ruwat rawat sawab, doh mala alaning siti, kasengsem samarginira, jejeg jujug tekad dhiri, pinayungan roning wit, buta musna manungsa yu, rahayu saking Allah, betah maratapa singgih, tepa tapa patang tingkah kanepsonan.
16. Kena pisan luput pisan, datan keni minangkani, kadadeyan lan kabegjan, angupaya luwih becik, donyane angawali, akherate mukti nemu, aywa salah dedalan, mangewu ewuan margi, tan kinira tan kanyana melok mata.
17. Kalamatan nikmating mat, memet pamilihing lungit, kadya karemet remeta, pametuning kang pinilih, pawungkule makarti, supadya begja sadarum, mukti salaku mulya, mulyane akemul kamil, pramilanya gegayuhan borong manah.
18. Lelaku samarga marga, marginipun warni warni, gonjang ganjing ogil ogal, lumaku lemek ukara , mathentheng anjemparing, tan anolih anamung hru, amawas singacapa, ngalemprek lemprek lan nganti, kadya tanceping waos ing pakulitan.
19. Dhiri pinisakit nyata, ya ta gung apura ngriki, wekasan luhuring raga, reh katata seleh silih, amrih beciking akhir, kira kirane sinamur, kasalimur sadaya, dayanipun daya ngeli, dedokohan tresna marang sapepadan.
20. Pada pada tetulisan, kapranan araga Jawi, winarneng pinantes sekar, arum rasa arum ganda, dhuh ganthilaning ati, tetep guyub tetep rukun, kumandel ahlul swarga, tansah setya among gati, gumatine madukara lan gendhiswara.
@@K.2010

0 komentar:

Posting Komentar